Sabtu, 24 November 2012

KUMPULAN TEMBANG


1.    KINANTHI
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Kang iga-iga keaksi


2.       DHANDHANG GULA
Sun iki dhutaning nata
Prabu Kenya Majapahit
Kekasihe Damar Sasangka
Atma mantune ki patih
Magang anyar awak mami
Lahta bisma praptaningsun
Ingutus Sang Narpendah
 Kinen mocok murdantaji
Marmaningsun ingutus yawa
Mindho karya

3.    GAMBUH

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polahk kang kalantur
Tanpa tutur katula-katula katali
Kadulu warsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon

4.    PANGKUR
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kertarta pakartinging ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah jawa
Agama agaming aji

0 komentar:

Posting Komentar

 

bahasa jawa Copyright © 2010 | Designed by: Compartidisimo