"PENGETAN DINTEN
KARTINI"
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula
tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken
syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan
hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas,
waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini
samang-ke punika.
Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap
kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar
angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa
tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk
rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.
Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur
sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih
kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita
boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan
majengipun bangsa punika.
Pancen sampun dipundokrataken para wanita
saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing
manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit
saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem
ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.
Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah
wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni.
Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.
Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang
putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang
luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi
jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi
sadhengah karya.
Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami
kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.
PERPISAHAN SEKOLAH
Assalamu'alaikum wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. Wb

0 komentar:
Posting Komentar